JAMU STRES

MULYADI BENGONG SEWUANE NANG NGENDI

MULYADI BENGONG SEWUANE NANG NGENDI

MISTERI ETUNGAN

  • Gank THE GEG Maos Lor terdiri dari Paijo, Paino,Paimin. Bocah telu kuwe jan… kaya prangko karo amplop. Pas dolan nang JoGjA nang dalan kencotan. Weruh warung “Padang Byar Pet” bocah telu terus mampir madang lan ngopi. Mbasa wis rampung bocah telu kuwe kon mbayar Rp. 25.000. Ternyata bocah bengsengan masing-masing aweh duwit Rp 10.000 terkumpul Rp.30.000, sehingga jujule Rp 5.000 (recehan ewuan 5). Si Paijo ndelengna pelayane ngeyimin kaya kurang Gizi dadi aweh duwit Rp.2000, Jujule dibagi Paijo 1.000, Paino 1000 Paimin 1000.
    Siki Bani Ma’soem pada mikir lan direngreng ya..!
    a.Paijo aweh 10.000-1.000=9.000
    b.Paino aweh10.000- 1.000=9.000
    c.Paimin aweh10.000-1.000=9.000
    d.Pelayan Ngeyimin =2.000
    Total pengeluaran 9000+9000+9000+2000 = 29.000
    Nah kalau gitu sing 1.000 kemana ?

    *******************

    SUMANTO
    Sedulur esih pada kemutan ora, kasus SUMANTO, canibal sekang Purbalingga, ana crita sing mandan nggetheti pisan, pengin ngerti wartawan RSU Banyumas melaporkan :
    Patang tahun kapengker Sumanto kuwe kan bar mangan mayate mbah-mbah terus ditangkep polisi lan dijepblosna nang perawatan jiwa RSU Banyumas
    “Rasane bar mangan bathang wong, primen To..?” Takon Ku
    “Ya biasa..enak nlgewihi soto sokaraja’ Jawabe Manto
    “Jere rika ya..doyan cecek, kadal, brekicot..pokoke sing njijihi..kuwe Ko doyan juga To..” drememelku
    “Ya doyan..kenang apa sih takon bae rika?” Sumanto mbalik takon
    “Ya ora papa..lha angger bar mangan mayat, kewan-kewan kuwe nginume apa To..?” penasaranku
    “Kiye Kang Mantri…APAPUN PANGANANE… MINUME YA TETAP TEH BOTOL SOSRO..!”
    “Walah-walah Sumanto, Iklan Teh Botol..he..he”
    Terus tek tinggal sebabe deweke arep disuntik gemblung nang mantrine

    MAKANAN SORGA

    Kang Sandot, “Mbien nek ngaji, betapa nikmate angger mbayangaken urip nang Surga yang Lik !
    Karta Jengki,”Kang nang dunya siki beh ana panganan SORGA, krungu ora Kang?”
    Kang Sandot, “Aja ngawur rikane, sing jenengane panganan sorga ya anane nang akherat Lik..!”
    Karta Jengki, “Walah…rika yakin ndeso pisan, Jablai…,lan kuuuper bangueeet, panganan SORGA artine NgiSOR SeGA, ya kuwe angger Banian pada njiot iwak loro terus ditutupi sega, duwur sega disoki iwak maning sing cilik ben keton priyayi, rikane mbok kaya kuwe Kang Sandot..?”
    Kang Sandot, “Ya idem karo Ko”
    By Fawwaz Kebarongan

    WONG WADON KAYA BAL (BOLA)

    Nek arep madakna wong wadon kuwe akeeeeh pisan tur ngguyoni, misale Mba Ella” Wanita bagai Ikan” , Nek Inyong wong Banyumasan “WONG WADON MIRIP BAL (BOLA)”, Kiye critane lan jawablah pitakone…Okey?

    DIKUN “Kang Dikin ngerti ora rikane wong wadon kuwe kaya BAL”
    DIKIN, “Deneng kaya kuwe…Wong Wadon kan ledeb tur mengini, kaya BAL si keprimen..?”
    DIKUN, “Jerene Wong Wadon umur 15 – 24 tahun, kuwe kaya BAL BALAN sepakbola”
    DIKIN, “Bisane kaya Bal Balan…keprimen Kang?”
    DIKUN, “Genah..anu BAL siji kuwe nggo rebutan wong rolikur (22), dadi bocah wadon angger umur 15 – 24 taun nggo rebutan wong lanang 22, ngerti Kang..keri njaman temen!”
    DIKIN, ”Siki jajal tebak, angger wong wadon umur 24 – 35 th, kaya apa Lik..?”
    DIKUN, “Kaya apa yah…, kaya BAL atum Kang ?”
    DIKIN,”Salah..! Kaya BAL VOLY…ngerti!”
    DIKUN, “Bisane..?,O iya..bener rika, Wong wadon umur 25-35 th sing rebutan paling-paling wong lanang rolas (12) iya mbok Kang?”
    DIKIN, ”Siki jajal, angger wong wadon umur 35-50 th, kaya BAL apa Lik?”
    DIKUN, “ Jelas kaya BAL PINGPONG, bener mbok Kang”
    DIKIN,”Bener pisan..tapine kenang apa, koh kaya BAL Pingpong?”
    DIKUN, “Genah angger wong wadon umur 35-50 th, paling-paling sing rebutan gari wong Papat kuwe bae nek dobel (alias wis pada duwe bojo), angger bujangan ya mung wong lanang 2 alias singgel…he he…he”
    DIKIN,”Jajal angger umur 50-65 th, kaya Bal apa Lik?”
    DIKUN,”Jelas pisan kuwe, wong wadon umur semono kaya BAL GOLF”
    DIKIN, ”Kenapa Lik, deneng umur semono kaya Bal Golf?”
    DIKUN, “Ya iyalah..wong genah pisan, umur semono wis ora ana sing nglirik alis siji thok, kaya bojone rika inyong alias kur nggo dewekan thok”
    DIKIN, ”Siki jajal di tebak kabeh sing maca kiye, angger wong wadon umur > 60, kuwe kaya BAL apa, pilih jawaban nang ngisor..”
    a. Bal Kempes b. Bal Pecah
    c. Bal Temangsang d. Bal poin
    e. Balang Bae maring kuburan e. Balekbae maring wongtuane
    Jawaban segera karena akan diundi didepan notaries dan hadiahnya RADIO BERWARNA, HP NYONGMA, DLL , dengan cara klik di komentar

    SIAL MEMBAWA REJEKI

    Pas aku nyepiti bocah lanang “Dobleh” sing mandan pucet, tek deleng-deleng dewek meneng bae. Ujarku ya ora papa, jebule deweke wedi pisan karo inyong sebab nyong wis nggawa jarum suntik. Begitu katoke tek lorodna, thuuuuuur…buset manuke kapicirit pas nganu batukku. ya wong kuwe dadi panganku ya ora papa

    “Terusna bae ngeneh…ora papa Bleh” tek sindir

    Mbasa wis rampung nggoli nyepiti aku dipereki Ramane Dobleh

    “Pinten mbayare Pak…..? takone Ramane Dobleh

    “Angger ora karo manthuuuur ..ya Satus Seket bae..Wong mau manthure akeh pisan ya dadi satus pitupuh lima selawe” jawabku

    Bapake Dobleh mbayar 200 ewu (atusan loro), dadi aku bingung dewek nggoli njujuli, sebabe ora ana duwit lawean…He..he dasar mantri mumet..walah… (CHENDEX)

    ASMA KARO KACAMATA

    Jenengane budaya wong ndesa Banyumas klutuk angger bar NGISA pada seneng nderes nggo nambah pahala atau wane nggo ngurangi dosa, tak terkecuali Kang Damun pengin tadarusan melu kanca-kanca tanggane. Mbasa wis mbolak mbalik Al Qur’an jebule tulisane dempet, rebeng matane. Mbatin..ngesuk arep priksa mata maring rumah sakit njaluk kacamata sing pas, maen lan murah regane.
    Esuk-esuk gipyak numpak pit maring RSU Banyumas kepengin ketemu karo dokter mata. Nang ndalan papagan karo Yu Watem “ Maring ngendi Kang Damun, gipyak temen rikane… ?” Babar pisan Damun ora nylingak. “Dasar wong kemlitak sapet bayi , ditakoni ya ora nylinguk babar pisan, budeg ko ora mari-mari” nggrudele Yu Watem.
    Pas jam pitu sepuluh menit, Kang Damun tekan nang RSU Banyumas, terus nggoleti dokter mata, tapi ketemu karo Matrine sing jaga “Onten napa Pak, bade priksa napa…? Takone Mantri Ari
    “ Ana doktere ora siki Pak Mantri..? Nyong matane rebeng, lamur, apa maning angger maca, tulisane pada gandeng.” Jawaban Damun sing ora nyambung karo takonane Pak Mantri
    “Nggih wonten, tapi ndaftar disit ya Pak, ayuh tek jujugna maring loket pendaftaran” Ngomonge Mantrine mandan seru lan pipir kuping. Kang Damun terus dijujugna nang Pak Mantri maring loket pendaftaran.
    “Pak … jenengane sinten ?” Takone Bu Dewi bagian pendaftaran
    “Nun…bade priksa mata kula Bu” Jawaban Kang Damun singkat
    “Iya kula mpun ngertos Bapake arep priksa mata, Asmane sinten..?” Takone Bu Dewi tambah seru ben krungu lan nyambung jawabane.
    “Aku sehat sapet cilik, urung tau mambu obat, apamaning kena ASMA, ora duwe asma aku Bu, Sumpah gologokin ora percaya takon nganah karo Luraeh!”
    “Deneng ASMA..Jenenge sinten rikane…?” Bu Dewi tambah ngrosani nggoli takon
    “ Nun…O jenenge kula kit mau ya, Damun Bu, ora duwe asma” Jawaban singkat karo nggletakna tegesan
    “Pak Damun, daleme pundi..?!” Bu Dewi takon maning nggo nglengkapi data pendaftaran
    “Kula omaeh Klinting RT 2 RW1, perek nggone Pak Mantri Sage tukang sepit sing mbiyen ngode nang kene, wis mandan suwe penciune, sampean tepang mbok Bu?” Ciri khase Damun wong Banyumasan angger njawab dawa terus karo takon pisan maning
    “Mboten Pak, kula niki esih anyar…Klinting niku Kecamatan pundi Pak…?” Takone Bu Dewi sing asline wong Purbalingga, lan tembe ngode 2 wulan nang bagian pendaftaran RSU Banyumas.
    “Kula niki ora duwe kacamata, arep priksa mata, mulane aku priksa ngeneh ben doktere aweh resep kacamata….pripun sampaian, kacamata-kacama!” jawaban Kang Damun mandan karo mucucu, sebab mbatine arek njaluk kacamata malah kacamatane endi
    “, Klinting niku Kecamatan pundi..? Bu Dewi takon maning Mandan seru
    “Geh… aja ngledek sampean, ora percaya banget, ora duwe kacamata. pundi pundi pundi!..ora mudengan banget sampaean bu ” nggedumele Kan Damun
    “Enggih kula mpun ngertos, Kacamatane, . Monggo kula jujugna teng klinik mata” Bu Dewi ngajak Kang Damun maring Poliklinik Mata, lan takon sisan karo Mantri Ari sing Asli wong Banyumas.
    “Klinting ya Kecamatan Somagede Bu Dewi”Jelase Pak Mantri Ari. Kang Damun kon njagong nang kursi priksa terus dipriksa dokter Dian Iswara spesialis mata.
    Kang Damun terus dipriksa nang dokter Dian karo disenteri matane lan dibenjet kelopak mata, banjur matane disogi lensa lank on maca huruf.
    “Pak Damun … purun tumbas Kecamatan Ples, purun mbok..?” Glewehe Pak dokter Dian Iswara karo ngguyu cekikikan
    “Purun pisan wong kula mriki genah kepengin bisa maca, tapi sing murah kacamatane nggih Dok..?” Jawabane Kang Damun
    “Beres Pak.. Kecamatane sampaen loro pisan, kanan, kiri” Tambahe dr Dian “Ampun Kalih… Pak dokter, Siji beh mbuh duwite cukup ora apa maning kalih, setunggal mawon dok” Jawaban Kang Damun sing lugune poor lan nyegrak
    “Sepasang Kecamatene mboten kalih, mpun niki resepe ngge tumbas Kacamata teng Optik ngajeng” Jelase dr Dian karo aweh resep maring Pak Damun
    Pak Damun, Damun, ayuh aja kesuwen nang kono tek jujugna maring optic, bisa-bisa kesasar maring Apotik rikane”
    Saking melase karo Kang Damun mbok kesasar maring apotik, Pak Mantri Ari njujugna Kang Damun maring optik sing nang ngarep SMEA Banyumas (chendex)

  • 9 Komentar Add your own

    • 1. TRENGGINAS  |  Februari 26, 2009 pada 10:49 pm

      Huahaaaaa…ha…Waduh…kasihan ndaLu…itu namanya Kejadian mutahir, Dahsyat, luar biasa…Mantrine adus uyuh…nikmati bae ya Kang Mantri…mbok Kumur Sisan ..he..he

    • 2. Gesit  |  Februari 26, 2009 pada 10:58 pm

      Weleh…weleh..deneng, niku angger di sinetrona judule “MANTRI KECEBUR REJEKI”, jujule selawe ngge kulo mawon Pak…

    • 3. Gesit  |  Februari 26, 2009 pada 11:01 pm

      Walah…walah, niku manawi di film/sinetron, judule “MANTRINE KEJEBUR REJEKI”, Kula ndaftar bagian Njujuli Pak, wonten lowongan…?

    • 4. Didin Suhada  |  April 1, 2009 pada 8:35 pm

      ha..ha..lucu bgt critane kang damun,pengalaman pribadi apa pakgedhe?maca critane kang damun dadi kemutan mbah kakung..he..he..

    • 5. Rafa Embun  |  April 3, 2009 pada 9:57 pm

      Huahaaaaa…haaaaa, Bisa bae bapake nggoli ngarang, temenan nopo Pak Sumanto ngombene Teh Botol ?, Paceran kadose ..Pak, Sumanto Mayat beh doyan kadose minume ya coberan. Anu wis gemblung deneng disuntik gemblum…? Kon tambah Edan nopo Pak…?

    • 6. didi anake pak kasban  |  April 4, 2009 pada 3:03 am

      wakakakakakak….
      pak de q sing kie pancen pinter nglucu…

    • 7. muftikhul umam  |  April 11, 2009 pada 8:57 pm

      inyong gelem jawab pertannyaan bapane embun angger hadiahe HP 2 Pintu kaya kulkas,..ha..ha..ha.

    • 8. Rafa Embun  |  April 13, 2009 pada 11:58 pm

      Misteri Etungan, Sing sewu kuwe aja dihitung nang ngarep. 9000 X 3 = 27000, sing nggo bayar Rp 25.000, Nggo Pelayanan Rp 2000 = Kan 27.000…Payahlah Pak…Ya Pas, Aja di hitung karo Puluhan 3, Sing dihitung 9 ribuan bae…Hayuuu .pundi hadiahnye..Baju Nggih Pak..!

    • 9. didi  |  Juni 3, 2009 pada 6:16 pm

      sing sewu nggo mbayar parkir

    Tinggalkan Balasan

    Fill in your details below or click an icon to log in:

    WordPress.com Logo

    You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Ubah )

    Twitter picture

    You are commenting using your Twitter account. Log Out / Ubah )

    Facebook photo

    You are commenting using your Facebook account. Log Out / Ubah )

    Connecting to %s

    Trackback this post  |  Subscribe to the comments via RSS Feed


    Ikuti

    Get every new post delivered to your Inbox.