Posts filed under ‘Humor’
Mas Dawa Mluntah Rantange
Esuk-esuk mangkat maring sawah, nggawa rantang isine sega abang lawuhe gorengan welut karo sambel goreng kangkung nggo sarapan nang sawah. Kaya kuwe wis cukup…cleguk. ..cleguk. …gurih buangeeet..
Esuk-esuk ramane ngakon gawe galengan…. mulane mangkate gasik bar subuh clinggrik… nganggo pit dames alias pit onta sing dicet ijo letek. Tapi sikile urung tekan dadi egrek disit….grek egrek….grek egrek… Jebule nang ngarep ana gudel… ya kepriwe maning tek tabrak bae…
Gedebug….pit rubuh maring siyer karo aku sisan….klambiku klebus kenang belet kabeh…..
(lagi…)










Komentar Terakhir